KADHISIPLINAN
(Syifa Aslamiyah I. IX A/34)
Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Bapak Kepala SMP Wira ingkang kinurmatan.
Bapak/Ibu Guru kang satuhu luhur ing budi.
Lan siswa-siswi SMP Wira ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken muji syukur
dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, ingkang kepareng paring keslametan,
rahmat, lan hidayah-Ipun dhumateng panjenengan lan kula, satemah saged kempal manunggal wonten upacara bendera dinten Senen ing papan menika
kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebet-ipun.
Ing wekdal menika, kula badhe ngaturaken sesorah bab kadhisiplinan.Ingkang diarani “Dhisiplin” punika mboten mung salah
sijining tembung DHISIPLIN, nanging wonten hubunganipun kaliyan perilaku lan
sikap. Dhisiplin inggih menika patuh marang peraturan. Dhisiplin wonten
werna-werna cacahe. Enten dhisiplin wonten ing masyarakat, dhisiplin wonten ing
keluarga lan dhisiplin wonten ing lingkungan sekolah. Ananging wonten ing wekdal
punika kula badhe ngaturaken bab dhisiplin wonten ing lingkungan sekolah.
Sedaya sekolah gadhah peraturan ingkang benten-benten,
umpamanipun SMP Wira, benten kaliyan SMP Wiri. Kita minangka warga sekolah ing
SMP Wira kedah naati peraturan ing SMP punika. Ananging menawi nglanggar aturan
ugi saged pikantuk sangsi saking sekolah.
Pancen, dhisiplin menika kedah
dipunbudayaken wiwit alit, saking keluarga. Saksampunipun keluarga,
ingkang maringi pelajaran dhisiplin yaiku sekolah. Sekolah saged manehi
pendidikan kadhisiplinan marang para siswa, umpamanipun saking
peraturan-peraturan kang didamel sekolah, ingkang sampun kula aturaken wau.
Ananging, peraturan menika kudu tegas, mboten mung dipundamel kangge simbol
kemawon. Kita minangka warga sekolah ingkang sae kedahipun sadar bilih dhisiplin
menika wigati sanget. Dhisiplin dipunwiwiti saking awakipun piyambak, umpamanipun,
ing wekdal bidhal sekolah kedah tepat waktu, nggarap tugas kang diwenehi guru,
lan sakpanunggalanipun.
Budaya dhisiplin kedah dipun lestarikaken. Nanging
sinten ingkang badhe nglestarikaken? Jawabanipun inggih punika, kita sedaya,
utamanipun para siswa-siswi minangka generasi penerus Indonesia. Nggih
mboten???
Para rawuh ingkang minulya
Wekasan kula nggadhahi pangajab mugi-mugi kita sedaya saged ngewujudaken dhisiplin ing sekolah lan ing masyarakat. Mangga kita sedaya tanggungjawab lan dhisiplin marang piyambak rumiyin, saksampunipun kita nembe tanggung jawab marang wong liya. Lan mugi-mugi SMP Wira saged dados sekolah ingkang ngurmati dhisiplin. Aamiin.
Wekasan kula nggadhahi pangajab mugi-mugi kita sedaya saged ngewujudaken dhisiplin ing sekolah lan ing masyarakat. Mangga kita sedaya tanggungjawab lan dhisiplin marang piyambak rumiyin, saksampunipun kita nembe tanggung jawab marang wong liya. Lan mugi-mugi SMP Wira saged dados sekolah ingkang ngurmati dhisiplin. Aamiin.
Mekaten ingkang saged kula
aturaken ing wekdal punika. Saestu atur kula kathah kalepatan saha patrap
ingkang kirang cundhuk kaliyan rehing tata krama kula nyuwun agunging samudra
pangaksama.
Jenang sela wader kali
sesondheren, apuranta yen wonten lepat kula, Nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
No comments:
Post a Comment